Senin, 29 Agustus 2016

Geguritanku



Isih tresna sliramu
PUMPA


Nalika nyawang sliramu
Anggawe adem nala, kawula
Njroning tresna wis sing ono
Dewi sari nyerat
Awang – awang nyeksini
         
          Nalika nyawang atimu
          Amrucut sinarya bagaskara
          Kadya ala menawi benten
          Sumburup becik

Sitengsu kadya, bathari
Kesengsem nala harsana
Ayun gandrung sliramu
Ngentosi piwales tresna

          Dados gawe buggah, narendra
          Isih tresna sliramu
          Enggal samawa

Senin, 19 Januari 2015

Geguritan (Puisi Jawa)

geguritan gaweanku:


Marang tresna

Raimu ayu
Mripatmu blalak – blalak
Irungmu peseg, nanging
Untumu miji timun

Raimu ayu
Nganti, ngundang tresnaku
Aku tresna, aku tresna...
Tresna marang tresna

He, cah ayu
Tresnaku marang tresnamu
Kaya Rama karo Sintha

Suwun..., suwun cah ayu
Aku tresna

Marang tresna


Merapi lan Segara

Panas adem , rasane
Abang biru , rupane
Geni banyu, bentuke
Merapi lan segara wujude

Merapi lan segara...
Kaya Geni campur watu
Kaya Banyu mlebu metu
Abang campur biru ...

 Merapi abang - mbrambang
Segara  Biru – terang
Merapi lan Segara
Alam dadi Pusaka